Njenengan gadhah tugas madosi parikan (pantun bahasa jawa)
ingkang wonten ing tembang jowo? Nah, kula badhe mbiyantu panjenengan :D
Menika ingkang parikan 2 gatra :
-
Gresik tung Suroboyo,
Oleh rejeki sitik lung aja nggresula
(irah-irahan lagu : Pitutur Wong Tuo)
-
Jombang kertosono,
Ojo bimbang mring kuoso (irah-irahan lagu :
Pitutur Wong Tuo)
-
Sarip tung tambak oso,
Dadi wong uruip ojo gampang nelongso
(irah-irahan lagu : Pitutur Wong Tuo)
-
Uwur-uwur tung tengahing segoro,
Ojo ngawur urip ning ndunyo (irah-irahan
lagu : Pitutur Wong Tuo)
-
Iwak pindhang tung tengahing segoro,
Dadi wong lanang ojo wedi rekoso (irah-irahan
lagu : Pitutur Wong Tuo)
-
Klapa muda enake kanggo rujakan,
Leganana aku kang nandhang kasmaran
(irah-irahan lagu : Kangen)
-
Tuku wijen dipangan semut,
Turu ijen nggo pakan lemut (irah-irahan
lagu : Ojo gawe-gawe)
-
Cianjur di Sukabumi,
Terlanjur jadi penyanyi (irah-irahan lagu :
Ojo gawe-gawe)
-
Awan-awan lungo blonjo niing pasar pahing,
Prawan rondo kanggoku ora patek penting
(irah-irahan lagu : Rondo Kempling)
-
Ning semarang mas, tuku gelang karo
anting-anting,
Jo sumelang yo ben rondo di jamin kempling
(irah-irahan lagu : Rondo Kempling)
-
Emprit gantil mencok ning witing pari,
Tansah gumantil njeroning ati (irah-irahan
lagu : Anting-anting)
-
Cempedak mas dudu nangka,
Mbien cedak ra wani kandha (irah-irahan
lagu : Prawan Kalimantan)
Menika parikan ingkang 4 gatra :
-
Nginang karo ngilo,
Kotak cilik mas nggo wadah mbako,
Aku emoh yen kowe ngono,
Plonga-plongo anggepmu koyo wong bodho
(irah-irahan lagu : Nginang Karo Ngilo)
-
Dithuthuk nganggo pipa ledheng,
Isi kapuk mas jenenge klentheng,
Tiwa methuk tiwas methuk sikile kemeng,
Bareng pethuk jebul malah mentheleng
(irah-irahan lagu : Nginang Karo Ngilo)
Sakmeniko mawon ingkang saged kula aturaken dateng njenengan. Ingkang badhe nambah, sumonggo … J
Tidak ada komentar:
Posting Komentar