Mbebedo Kirik
Nalika aku isih kelas 5 SD, aku karo kanca-kanca mangkat
ngaji bar maghrib ana mesjid. Sabubare ngaji, aku lan kamca-kanca ngepit liwat
omahe Mbak Lia sing nduweni kirik akeh. Ning latar akeh kirik sing padha lagi
turu. Kancaku Alda karo Ayuk mbebedo kirik mau. Kirik mau dikaget-kageti.
Banjur kirik-kirik mau tangii uga nguyak Ayuk lan Alda. Cah loro kui podho
nggenjot pit banter. Sialda nangis mergo wedi kari jegogan kirik. Dewekke sing
mbonceng Ayuk sikile diunggahke. Aku amung bisa ngguyu kemekelen banjur nulungi
kancaku sing diuyak kirik. Kirik mau tak getak, banjur padha wedi.
“Mulane ojo podho ngganggu kewan sing lagi penak-penake
turu. Menawa kowe ki ora ngganggu, kowe yo ora bakal diganggu bali..”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar