Rekasane Wong Tani
Dening : Erni M, dkk.
Para tani..
Mangkat esok mulih sore
Panas udan tetep ditindakake
Ora ngerti rasa sayah
Lali marang kahanan ngomah
Para tani..
Panas-panase srengenge ora dadi sambate
Kesele awak ora dirasakne
Awak adus kringet iku saben dinane
Yen wayah tandur
Panas udan ora bakal mundur
Ing wayah nggosrok
Ora eling yen lara boyok
Panase srengenge dadi kanca-kancane
Wayah panen, tikus dadi mungsuhe
Kudu siap njaga tandurane
Wong-wongan sawah dadi senjatane
Dadi wong tani iku
Rekasa nyambut gawene
Nanging oraa sepiroa hasile
Kabeh mau kanggo nyukupi butuhe liyane
Sumber gambar : syariahcenter.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar